Rabu, 12 Januari 2011

Uratane tembang Jawa


1. Maskumambang :
Maskumambang gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, "Mas" ateges durung weruh lanang utawa wadhon,"Kumambang" ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Maskumambang menggambarkan bayi yang masih berada di kandungan ibu, yang belum diketahui bayi tersebut laki-laki atau perempuan. “Mas” artinya belum tahu laki-laki atau perempuan, “Kumambang” artinya hidupnya berada dalam kandungan ibu.
2. Mijil :
Mijil ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Mijil berarti telah lahir dan jelas laki-laki atau perempuan.
3. Kinanthi :
Kinanthi saka tembung "Kanthi" utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi dari kata “Kanthi” atau “Tuntun” yang artinya diajari berjalan agar dapat menjalani kehidupan di dunia ini.
4. Sinom :
Sinom tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Sinom artinya pemuda, pada masa yang masih banyak waktu luang ini yang terpenting adalah menimba ilmu sebanyak-banyaknya.
5. Asmaradana :
Asmaradana tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( lanang , wadon lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Asmaradana artinya rasa cinta, cinta kepada yang berlainan jenis (antara pria dan wanita dan sebaliknya) yang semuanya itu sudah menjadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh :
Gambuh saka tembung "Jumbuh" / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane lanang lan wadon sing padha nduweni rasa tresna mau , ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan.
Gambuh dari kata “jumbuh” atau setuju yang berarti kalau sudah setuju kemudian dinikahkan kedua sejoli yang saling cinta tadi dengan harapan dapat menjalani hidup berkeluarga dan bermasyarakat.
7. Dandanggula :

Dandanggula nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga , duwe anak , urip cukup kanggo sakkeluarga . Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine , bisa diarani lagu ndandanggula.
Dandanggula menggambarkan hidupnya orang yang berada dalam kenyamanan dan kesenangan, apa yang diinginkan dapat terlaksana. Terpenuhi sudah memperoleh pasangan hidup, punya anak, hidup dalam berkecukupan . Maka dari itu orang yang sedang bahagia hatinya , bisa disebut lagu dandanggula .
8. Durma :

Durma saka tembung "Darma" / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha – padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Durma berasal dari kata “darma” berarti memberi. Orang kalau sudah merasa serba kecukupan hidupnya, akan tumbuh rasa welas asih terhadap orang lain yang dalam kekurangan, sehingga timbul keinginkan untuk memberi. Hal ini tentu saja didasari atas pelajaran agama dan watak sosial sebagai seorang manusia.
9. Pangkur :

Pangkur saka tembung "Mungkur" kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha – padha.
Pangkur berasal dari kata “Mungkur” yang artinya menghindari hawa nafsu angkara murka. Yang harusnya menjadi pedoman adalah selalu memberi kebaikan kepada sesama.
10.Megatruh :

Megatruh saka tembung "Megat Roh" utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Megatruh berasal dari  kata “Megat Roh” atau putus rohnya atau nyawanya, karena sudah saatnya mengakhiri hidup di dunia untuk memenuhi panggilan Tuhan YME.
11.Pocung / Pucung :

Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.
Kalau sudah menjadi mayat kemudian dibungkus kain putih atau dipocong sebelum dikuburkan.
  • Inti saka andharan mau :
Ngajab supaya kita kabeh pada sing eling. Eling yen saka sak durunge ora ana, bali dadi ora ana. Yen urip nyukupi butuhe karep, ora ana enteke. Yen ana sing dodol pulo, ya kepengin tuku pulo, yen ana sing dodol laut utawa angkasa, ya arepe dituku.
  • Inti dari uraian di atas :

Berharap agar kita semua harus selalu ingat. Ingat dan menyadari bahwa kita berasal dari tidak ada, kembali menjadi tidak ada lagi. Kalau hidup hanya sekedar mencukupi keinginan sendiri semata, tidak akan ada habisnya dan hidup tidak bermakna.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Copyright Weny Kinanti 2009. Powered by Blogger.Designed by Ezwpthemes .
Converted To Blogger Template by Anshul .