Jumat, 14 Januari 2011

Gamelan Jawa

Gamelan Jawa iku salah siji jinis utawa corak gamelan sing urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih lambat, beda karo musikgamelan Bali sing tempone luwih cepet uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling.
  • Notasi
Gamelan Jawa iku nduwe nada-nada pentatonis, Sak prangkat gamelan kumplit iku nduwe 2 laras yaiku:
*  Gamelan Sléndro
*  Gamelan Pélog

  • Aturan
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane ketata saka pirang-pirang puteran lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur neng bageyan-bageyan sing masing-masing ketata saka 4 nada.
Masing-masing piranti nduwe fungsi dhewe-dhewe, sing nuntun swara yaiku rebab, sing nuntun sampak diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku penayagan utawa nayaga, sing nembang, arané pesinden utawa wira-swara/swarawati.

  • Jenis

#  Kodokngorek
#  Munggang
#  Gamelan sekaten
#  Gamelan klasik
#  Gamelan gadhon
#  Gamelan siteran
#  Gamelan Mangkunegaran
#  Gamelan Pakualaman
#  Gamelan Surakarta
#  Gamelan Yogyakarta
#  Gamelan Banyumasan

  • Uga pirsani
§  Piranti gamelan Jawa
§  Gongan
§  Balungan
§  Panerusan


  • Pranala Njaba
*  Instruments of the gamelan
*  Gendhing Jawa, Notasi Gamelan gaya Surakarta.
*  Mongkeyc, dolanan gamelan ing jagad maya.
*  Gamelan, Orkestra ala Jawa


0 komentar:

Posting Komentar

 
Copyright Weny Kinanti 2009. Powered by Blogger.Designed by Ezwpthemes .
Converted To Blogger Template by Anshul .