Jumat, 14 Januari 2011

Budaya Jawa

  • Harmoni
Kebudayaan Jawa kuwe ngutamaken keseimbangan, keselarasan karo keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu harmonis, saling berdampingan, intine kabeh kudu cocog.
Apa-apa sing marakna ora cocog kudu dihindari, angger ana sing bisa ngganggu keseimbangan kuwe kudu cepet digenahna ben kabeh mbalik harmoni maning, mbalik cocog maning.
Umum sing cokan ngganggu keseimbangan kuwe yakuwe polah menungsane, mbuh polah menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo alam, sing nggenahna maning umume dipimpin utawa dadi tanggungjawab pimpinan masyarakat.
Sing angel nang kebudayaan Jawa yakuwe angger keseimbangan kuwe diganggu polah menungsa karo menungsa sing umum nimbulaken konflik (harmoni keganggu). Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga arep ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.

  • Kelas Sosial
Nang masyarakat jawa umume ana golongan-golongan sosiale, misal: golongan priyayi karo rakyat biasa. Ana maning golongan santri karo golongan abangan. Kuwe juga keton sekang basa. Nang basa Jawa ana kelas utawa tingkatan-tingkatan sing bisa nggambaraken status sosial penuture.

  • Tingkatan Sosial Basa Jawa
1.    Ngoko
2.    Ngoko andhap
3.    Madhya
4.    Madhyantara
5.    Kromo
6.    Kromo Inggil
7.    Bagongan
8.    Kedhaton

Kejawen

Kejawen yakuwe kepercayaan sing urip nang suku Jawa. Kejawen kiye dasare sekang kepercayaan animisme sing dipengaruih ajaran Hindu karo Budha. Mulane suku Jawa umum dianggep sebagai suku sing duwe kemampuan nglakoni sinkretisme kepercayaan, kabeh budaya liye diserap lan ditafsiraken miturut nilai-nilai Jawa.

Gamelan Jawa

Gamelan Jawa iku salah siji jinis utawa corak gamelan sing urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih lambat, beda karo musikgamelan Bali sing tempone luwih cepet uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling.
  • Notasi
Gamelan Jawa iku nduwe nada-nada pentatonis, Sak prangkat gamelan kumplit iku nduwe 2 laras yaiku:
*  Gamelan Sléndro
*  Gamelan Pélog

  • Aturan
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane ketata saka pirang-pirang puteran lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur neng bageyan-bageyan sing masing-masing ketata saka 4 nada.
Masing-masing piranti nduwe fungsi dhewe-dhewe, sing nuntun swara yaiku rebab, sing nuntun sampak diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku penayagan utawa nayaga, sing nembang, arané pesinden utawa wira-swara/swarawati.

  • Jenis

#  Kodokngorek
#  Munggang
#  Gamelan sekaten
#  Gamelan klasik
#  Gamelan gadhon
#  Gamelan siteran
#  Gamelan Mangkunegaran
#  Gamelan Pakualaman
#  Gamelan Surakarta
#  Gamelan Yogyakarta
#  Gamelan Banyumasan

  • Uga pirsani
§  Piranti gamelan Jawa
§  Gongan
§  Balungan
§  Panerusan


  • Pranala Njaba
*  Instruments of the gamelan
*  Gendhing Jawa, Notasi Gamelan gaya Surakarta.
*  Mongkeyc, dolanan gamelan ing jagad maya.
*  Gamelan, Orkestra ala Jawa


Rabu, 12 Januari 2011

Uratane tembang Jawa


1. Maskumambang :
Maskumambang gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, "Mas" ateges durung weruh lanang utawa wadhon,"Kumambang" ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Maskumambang menggambarkan bayi yang masih berada di kandungan ibu, yang belum diketahui bayi tersebut laki-laki atau perempuan. “Mas” artinya belum tahu laki-laki atau perempuan, “Kumambang” artinya hidupnya berada dalam kandungan ibu.
2. Mijil :
Mijil ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Mijil berarti telah lahir dan jelas laki-laki atau perempuan.
3. Kinanthi :
Kinanthi saka tembung "Kanthi" utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi dari kata “Kanthi” atau “Tuntun” yang artinya diajari berjalan agar dapat menjalani kehidupan di dunia ini.
4. Sinom :
Sinom tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Sinom artinya pemuda, pada masa yang masih banyak waktu luang ini yang terpenting adalah menimba ilmu sebanyak-banyaknya.
5. Asmaradana :
Asmaradana tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( lanang , wadon lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Asmaradana artinya rasa cinta, cinta kepada yang berlainan jenis (antara pria dan wanita dan sebaliknya) yang semuanya itu sudah menjadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh :
Gambuh saka tembung "Jumbuh" / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane lanang lan wadon sing padha nduweni rasa tresna mau , ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan.
Gambuh dari kata “jumbuh” atau setuju yang berarti kalau sudah setuju kemudian dinikahkan kedua sejoli yang saling cinta tadi dengan harapan dapat menjalani hidup berkeluarga dan bermasyarakat.
7. Dandanggula :

Dandanggula nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga , duwe anak , urip cukup kanggo sakkeluarga . Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine , bisa diarani lagu ndandanggula.
Dandanggula menggambarkan hidupnya orang yang berada dalam kenyamanan dan kesenangan, apa yang diinginkan dapat terlaksana. Terpenuhi sudah memperoleh pasangan hidup, punya anak, hidup dalam berkecukupan . Maka dari itu orang yang sedang bahagia hatinya , bisa disebut lagu dandanggula .
8. Durma :

Durma saka tembung "Darma" / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha – padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Durma berasal dari kata “darma” berarti memberi. Orang kalau sudah merasa serba kecukupan hidupnya, akan tumbuh rasa welas asih terhadap orang lain yang dalam kekurangan, sehingga timbul keinginkan untuk memberi. Hal ini tentu saja didasari atas pelajaran agama dan watak sosial sebagai seorang manusia.
9. Pangkur :

Pangkur saka tembung "Mungkur" kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha – padha.
Pangkur berasal dari kata “Mungkur” yang artinya menghindari hawa nafsu angkara murka. Yang harusnya menjadi pedoman adalah selalu memberi kebaikan kepada sesama.
10.Megatruh :

Megatruh saka tembung "Megat Roh" utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Megatruh berasal dari  kata “Megat Roh” atau putus rohnya atau nyawanya, karena sudah saatnya mengakhiri hidup di dunia untuk memenuhi panggilan Tuhan YME.
11.Pocung / Pucung :

Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.
Kalau sudah menjadi mayat kemudian dibungkus kain putih atau dipocong sebelum dikuburkan.
  • Inti saka andharan mau :
Ngajab supaya kita kabeh pada sing eling. Eling yen saka sak durunge ora ana, bali dadi ora ana. Yen urip nyukupi butuhe karep, ora ana enteke. Yen ana sing dodol pulo, ya kepengin tuku pulo, yen ana sing dodol laut utawa angkasa, ya arepe dituku.
  • Inti dari uraian di atas :

Berharap agar kita semua harus selalu ingat. Ingat dan menyadari bahwa kita berasal dari tidak ada, kembali menjadi tidak ada lagi. Kalau hidup hanya sekedar mencukupi keinginan sendiri semata, tidak akan ada habisnya dan hidup tidak bermakna.
 
Copyright Weny Kinanti 2009. Powered by Blogger.Designed by Ezwpthemes .
Converted To Blogger Template by Anshul .